Astagfirullah
Rabbal baraya
Astaghfirullah
minal khotoya
Rabbi
zidni ‘ilma nafi’a
Wawafiqni
‘amalan shaleha
Ya
Rasulallah salamu’alaik
Ya
rafi’a syani wa daraji
‘atfataya
jiiratal ‘alami
Ya
uhailal judi wal karomi
Ngawiti
ingsun nglalar syi’iran
Kelawan
muji maring pengeran
Kang
paring rohmat lan kenikmatan
Rino
wengine tanpo pitungan
Duh
bolo konco priyo wanito
Ojo
mung ngaji syare’at bloko
Gur
pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe
mburine bakal sangsoro
Akeh
kanga pal Qur’an haditse
Seneng
ngafirke narang liyane
Kafire
dewe dak digatekke
Yen
isih kotor ati akale
Gambang
kabujuk nafsu angkoro
Ing
pepaese gebyare ndunyo
Iri
lan meri sugihe tonggo
Mulo
atine peteng lan nistho
Ayo
sedulur jo nglaleake
Wajibe
ngaji sak pranatane
Nggo
ngandelake iman tauhite
Baguse
sangu mulyo matine
Kang
aran sholeh bagus atine
Kerono
mapan seri ngelmune
Laku
thoriqot lan ma’rifate
Ugo
hakekot manjing rasane
Al
Qur’an qadim wahyu minulyo
Tanpo
ditulis biso diwoco
Iku
wejangan guru waskito
Den
tancepake ing jero dodo
Kumantil
ati lan pikiran
Mrasuk
ing badan kabeh jeroan
Mu’jizat
rosul dadi pedoman
Minongko
dalan manjinge iman
Kelawan
Allah kang moho suci
Kudu
rangkulan rino lan wengi
Ditirakati
diriyadohi
Dzikir
lan suluk jo nganti lali
Uripe
ayem rumongso aman
Dununge
roso tondo yen iman
Sabar
narimo najan pas pasan
Kabeh
tinakdir saking pengeran
Kelawan
konco dulur lan tonggo
Kang
podo rukun ojo ngasio
Iku
sunahe rasul kang mulyo
Nabi
Muhammad panutan kito
Ayo
nglakoni sakabehane
Allah
kang bakal ngangkat drajate
Senajan
ashor toto dhohire
Ananging
mulyo maqom drajate
Lamun
palastro ing pungkasane
Ora
kesasar roh lan sukmane
Den
gadang Allah swargo manggone
Utuh
mayite ugo ulese
Ya
Rasulallah salamu’alaik
Ya
rafi’a syani wa daraji
‘atfataya
jiiratal ‘alami
Ya
uhailal judi wal karomi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar